Langsung ke konten utama

macam-macam macapat


ASMARADANA
Sepiku ing tengah wengi
Aku tansah kelingan
Saiki sing tak rasakne

Saya suwe saya cuwa
Aku kur basa pasrah
Kabeh rasamu nggo aku
Ora bisa tak rasakna

PANGKUR
 Ora wedhi nyawa ilang
 Nggo mbales dendam kang ana ing ati
 Gawe ora bisa turu
 Sing terus kepikiran
 Pinginku kuwi wis atos kaya watu
 Pancen angel gawe sirna
 Masia teka ing pati

MEGATRUH
Kok kaya ngene abote urip iku
Wis usaha ora kasil
Ndadekne atiku alum
Dhuh, nyapa kok ora kat wingi
Saiki gur plonga-plongo

POCUNG
Bali ngudi ilmu kok langsung turu
Ora ngganceng apa
Gawean mung wira-wiri
Dhuh cah bagus elinga marang wong tua

MASKUMAMBANG
 Wis suwi aku nunggu kowe ra tangi
 Agawe kuciwa
 Saiki kowe wis bali
 Lan dadi penghuni surga

KINANTHI
 Lagi dhek wingi ketemu
 Wis ngrasa kangen ing ati
 Masia kur sedhela
 Nanging tetep ana arti
 Ora pengen tak lalekna
 Tetep ana njero ati

SINOM
 Pangeran kang sipat murah(8/a)
 Njurungi kajating dasih(8/i)
 Ingkang temen tinemenan(8/a)
 Pan iku ujaring dalil(8/i)
 Nyatane ana ugi(7/i)
 Iya kiyageng ing Tarub(8/u)
 Wiwitane nenedha(7/a)
 Tan pedhot tumekeng siwi(8/i)
 Wayah buyut canggah warenge kang tempa(12/a)

GAMBUH
 Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
 Tanpa tutur katula-tula katali
 Kadaluarsa katutuh
 Kapatuh pandadi awon
DHANDHANGGULA
Jroning nampa pepesthen puniki
 Wajibira mung nuhoni dharma
 Apan wus dadi kodrate
 Lelaku jro lumaku
 Titi tata tatag ing batin
 Nggayuh yuning bebrayan
 lahir trusing kalbu
 Mula lumaku makarya
 Antepira sepi pamrih lahir bathin
 Makarya tan akarya

MIJIL
Apan uwus ubayèng narpati
 Rumeksèng kaprabon
 Kang wus tetep rumeksa ing akèh
 Kalaraning praja dèn pakéling
 Larapana ing sih
 Wadya saprajèku

DURMA
Kadya pinuh sariranya déning kang rah
 Wauta Sang Apekik
 Regawa kumesar
 Muring ring tyas mangarang
 Marang ngendi sira yayi
 Jurang hingungak
 Manawa tibèng trebis

Komentar

Postingan populer dari blog ini

BATAK SONG Sik Sik Si Batu Manikkam by KOREAN CHOIR

padus sman5-montor-montor cilik (Latihan).3gp